Friday, May 15, 2009

Bali kandhang

Pari kuning kang tinerak angin sumilir
Nambahi endaheng swasana padesan
Saya endah cahyaning suryo sumunar
Kae ana bocah pangon
Sirep turu wus rada suwi
Angin sore ngumandangna
Nambahi abote kudu turu sira
Menda sapi wus samyo minggir
Kudu ndang muleh di kandangna
Mumpung taksih wayah sore
Durung katerak sandhekalane
Ayo kanca pangon dienggo tudung capinge
Pangonanmu dikandhangke

Wednesday, May 13, 2009

HOMPIMPAH

HOMPIMPAH

Gobak sodor

Kanca-kanca ayo do dolanan
Betengan opo pet umpetan
Apa sudah mandah
Opo dolanan gobak sodhor
Hompimpah..
Sing kalah kudu mbasang
Ojo curang iki mung dolanan
Gobak sodhor dadi pilihane
Sing kalah kudu mbasang
Sing menang kudu nyabrang
Iso liwat ora kecekel mesti menang
Sak regu ana wong telu
Sing main kudu rong regu
Sing menang nyabrang
Sing kalah mbasang
Nganti iso menang
Menange yenwis iso nyebrang
Bolak-balik nyabrang terus mbalik
Sing kalah njaga supaya ga iso nyebrang
Awas aja nganti metugaris
Yen kecekel jroning garis
Sak regu kudu gantian mbasang
Ra usah curang iki mung dolanan
Menang kalah ora usah tukaran
sing penting kabeh bungah
gobak sodhor dolananku
ngrukunake kanca-kancaku
kebak geguyu
keringete metu
awak sehat lemu-lemu
iki mau crito cilikanku
saiki wis ganti zaman dolanane rupo-rupo
ana perang ana bal-balan
dolanane nangumah ora kelingan kanca
ora gelem gantian
kudu menang
direwangi curang

hompimpah saya ilang

pesan dari cinta

DAN AKUPUN TERSENYUM

seperti embun fajar
dia datang
dalam tentram
semilir angin yang membuaiku
terpekur aku
dalam doa-doa harapan
yang kutujukan
hanya untuk cinta
dan bahagia
mentari datang
tersenyum
membawa kemesraan
kehangatan
dan akupun tersenyum
menyambut pagi
dengan sejuta harapan
sejuta cinta


(UNTUK YANG SEKARANG BERKERUDUNG HITAM)

Monday, May 4, 2009

AMASTUTI KORAN JAWI TENGAH

AMASTUTI KORAN JAWI TENGAH

Suaramu angandar saindhenge bawana
Umiyat tanpa wates
Agawe gawok kang sami nupiksa
Reroncenging tembung tanata rapi
Amartani sal wireng reh
Mengku wigati surasa
Endhahing nusantara di
Rumpaka kinemot dlanchang seta
Dadi pandom jawi tengah
Estining tyas bangkit ngupaya
Karaharjaning nagri nusantara
Amastuti kuncara koran jawi tengah



menika wau sak tunggileng
geguritan ingkang karipta dening
sanak asuh Pantu Asuhan ikhlasul amal
minangka bebungah dumateng kadhang kantin banget
ing wasana mugi-mugi karahayon dening ingkang maha suci
hayu rahayu raharjo niskala satuhu..


(boss geng. 5 Mei 2009)