Friday, May 15, 2009

Bali kandhang

Pari kuning kang tinerak angin sumilir
Nambahi endaheng swasana padesan
Saya endah cahyaning suryo sumunar
Kae ana bocah pangon
Sirep turu wus rada suwi
Angin sore ngumandangna
Nambahi abote kudu turu sira
Menda sapi wus samyo minggir
Kudu ndang muleh di kandangna
Mumpung taksih wayah sore
Durung katerak sandhekalane
Ayo kanca pangon dienggo tudung capinge
Pangonanmu dikandhangke

No comments: