Monday, February 11, 2008

IdE BaGusH


SuGenG Rawuh....
wonten BloGG Kantin Bwanget....
Mbok Menawi kulo amung gadang pamanggih kedah benten kaliyan lare sanesipun dados kawulo ngagem basa jawa. ngaten nggih....


Ing rikala gek wingi kae rak kawulo nderek wonten ing adicara "kantin banget Talk abaut Love with mbak Pipit" kulo remen sanget lan matur nuwun dumateng para kadhang pamangku gati / panityaning adicara meniko, yekti kadang panitya kedah lan sampun Hard work / kerja keras mulo adicara menika sampun lumampah kanti gul / sukses "uwedwan tenan".panitya kaliyan para rawuh sampun sumanak / "ramah" ananging wonten setunggal kalih wernan babagan ingkang kedah dipun enggali punapa dipun benahi dening panitya, antawisipun gendeng ceneng kaliyan para rawuh / peserta "Talk Show" kathah kadang anggota Gank kantin banget ingkang mboten rawuh.meniko dos pundhi? talk show menika rak gawenipun kantin banget ananging kok anggota gank kathah ingkang mboten rawuh...? jer para kadang sampun anampi serat saking redaktur ingkang suraosipun ulem-ulem utawi undangan talk show lan potongan harga tiket / diskon weeee.... lah nopo ingkang dados masalah?

kapindho jare ajeng pun damel organisasi sak sampunipun adicara talkwhow ananging kok mboten sios kenging menapa? mbok menawi amarga wedak sampun mboten nyekapi / nanging kok om daktur mboten maringi pangertosan ?

mpun meniko kemawon...
adicara sampun saged pun wastani sukses. mbenjang malih kedah saged langkung sukses.
sembah sungkem kagem mbah Kyai Budi Maryono minangka dayayngipun kantinbanget. lan kang Prio Santosa weeeeh priyantunipun kalem. mbak Unik,Acik, wiwin,Agus, wawan,didin,fadli, dilla, lan sak piturute, kagem kadang wonten hotel ciputra mas Tulus, hendra, julia, ingkang sampun mbiyantu. lan ugi kadang sponsor ingkang kolo wingi tetepangan kalyan kulo mbak Rut saking Lulu Album.

salam ugi kagem mas mas saking ROMANCE band (Mas Roni Dkk). lajengaken karyanipun wonten babagan musik, dalem tenggo album sak lajengipun.

dumateng para kadang kantin banget, kapan ajeng sami kempalan malih?.
karyanipun pun tenggo wontening Blogg Kantin Banget.....
monggo sami pun isi kalyan lelaryan ingkang migunani....

suwungnana,12 Pebruari 2008

DALEM TENGGO KOMENTARIPUN

2 comments:

Anonymous said...

wah ternyata anak muda tapi juga jawa banget aku sing ning solo 5 tahun, salut. soale aku wae ra iso.untuk acara kemarin kayaknya kurang ngantin banget, soale pake host selain mas budi.coba pake mas budi dari awal pasti lebih seru.

Anonymous said...

pancen leres meniko miftah. Mbesuk yen wonten acara melih mas budi mawon host e,ben rame. yen mboten saged mas wiwin wae.yen mboten saged melih nggih IRUL mawon dijamin "dedel duel"(inyonge guyon rul aja dilebokna.. usus :)